Penulis: Qonita Najma Rojaya
Saiki musim rendheng. Winginane dina Senin, sawise metu teka gerbang sekolah aku lan kanca-kanca ngenteni jemputan ingin ngarep gerbang. Dilalah krungu suara kretek kretek kretek saka genteng. Tibane iku suara netese banyu udan. Aku lan kanca-kanca age-age mlayu mlebu kelas.
Ora let suwe ibuku lan bapak nyusul aku. Kabeh kudanan. Sawise teka omah aku langsung ganti klambi sing gebleh. Aku ganti klambi sing lengene dawa. Amarga awak krasa kadhemen, sirahku yo krasa ngelu. Langsung tak gawe turu ing kamar..
Tangi turu maem bakso terus ngombe obat. Ibu uga damel teh anget gawe sak keluarga. Alhamdulillah awak wis penak. Kabeh kumpul karo nginum teh damelanipun ibu.
Pelangi sore nyambut aku lan adhiku ing akhire udan dina iki.
Malang, 2018/2019
Komentar
Posting Komentar